Khutbah Jumat : Merubah Nasib Di Malam Nisfu Sya’ban Bahasa Jawa

Ky. Ahmad Muzakki
Nisfu Sya'ban

الخطبة الأولى

الْحَمْدُ ِللهِ…. الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ خَلَقَ الزّمَانَ وَفَضَّلَ بَعْضَهُ عَلَى بَعْضٍ فَخَصَّ بَعْضُ الشُّهُوْرِ وَالأَيَّامِ وَالَليَالِي بِمَزَايَا وَفَضَائِلَ يُعَظَّمُ فِيْهَا الأَجْرُ والحَسَنَة وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا الله  وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ مَنْ بَعَثَهُ اللهُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ هَادِيًا وَمُبَشِّرًا وَنَذِيرًا بَلَّغَ الرِّسَالَةَ وَأَدَّى الأَمَانَةَ . اَللّٰهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ نَالُوْا الْبَرَكَة

أَمَّا بَعْدُ فَيا آيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ . اِتَّقُوا اللهَ ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنُّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ ، ﴿يَآ أَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا ارْكَعُوا وَاسْجُدُوا وَاعْبُدُوا رَبَّكُمْ وَافْعَلُوا الْخَيْرَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ﴾. الْحَجّ: 7

Hadirin jama’ah Jum’ah Rohimakumulloh

Monggo kito tansah ningkat aken raos taqwa wonten ngersonipun Allah SWT. Lan monggo kito tingkat aken anggene ngelampahi perintah perintah ipun Allah SWT. ugi kito tebihi sedanten awisan-awisan ipun Allah SWT. Namung sebab taqwa, kito sedoyo bade angsal kabejan, kamulyan ingkang saestu. Kados ingkang dipun dawuh aken Allah wonten surat yunus :

الَّذِينَ آَمَنُوا وَكَانُوا يَتَّقُونَ (63) لَهُمُ الْبُشْرَى فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآَخِرَةِ (64) [يونس/63، 64]

Tiyang-tiyang ingkang sami iman lan taqwa dumateng Allah, estu bakal nompo kabar bungah ing pagesangan dunyo lan ahirot.

Hadirin jama’ah Jum’ah Rohimakumulloh

Poro ulama katah ingkang maringi gelar dateng wenginipun Nisfu Sya’ban kanti pinten-pinten sebutan, kanti pinten-pinten gelar.  Meniko mboten sanes sangking istimewanipun ugi sangkeng utamanipun wengine Nisfu Sya’ban.  Nisfu Sya’ban wonten ingkang mastani Lailatul bara’ah wengi kang kebak pangapuro sakeng gusti Allah SWT. kang moho kawoso, dumateng umat ipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. Utaminipun duso alit. Supados mbenjang bileh sampun lumebet wonten sasi Romadhon, manah kito sampun bersih, sampun suci, keranten bade pepanggihan kalian wulan suci. Ananging, wonten dalu nisfu sya’ban meniko, enten piantun-piantun seng mboten angsal jatah pangapuro saking gusti Allah, mboten saget keutamanipun Nisfu Sya’ban, ingantaranipun kados ingkang sampun dipun dawuh aken kalian kanjeng nabi Muhammad saw.

يَطَّلِعُ اللهُ إِلَى خَلْقِهِ فِي لَيْلَةِ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ فَيَغْفِرُ لِجَمِيعِ خَلْقِهِ إِلاَّ لِمُشْرِكٍ أَوْ مُشَاحِنٍ. رَوَاهُ ابْنُ حِبَّانَ والطَّبَرَانِيُّ وَالْبَيْهَقِيُّ 

Maknanipun: “Allah pareng welas, paring rohmat sak lebete wengi ne Nisfu Sya’ban lajeng Allah pareng pangapuro dumateng sedoyo mahluk ipun Allah kejawi tiyang musyrik, utawi tiyang muslim ingkang lagi poropadu, lagi iren-irenan babakan dunyo. ” (HR. Ibnu Hibban, At-Thabarani dan Al-Baihaqi).

Hadirin jama’ah Jum’ah Rohimakumulloh

Nisfu Sya’ban ugi dipun wastani kalian Lailatul qismah wa takdir artosipun Allah SWT bakal mbagi lan netepaken takdir ipun mahluk ipun Allah, salami setunggal tahun ingkang bade kalampah.

Ingkang dados pitakenan, punopo takdir sagte owah? Kados rejeki, jodoh, pati ugi nasip ipun tiyang meniko sampun katetepaken? Jawabanipun leres hadirin. Bileh takdir meniko sedanten sampun katulis, sampun katetepaken. Ananging, wonten takdir ingkang saget rubah. Inggeh meniko takdir ingkang katulis wonten lauhil mahfud ingkang sipat ipun tahsih dipun gantung aken utawi mu’allaq. Artosipun, takdir meniko tahsih saget dipun rubah kalian do’a lan shodaqoh kanti izin sakeng Allah SWT.

Wonten ing kitab syarah hadis Arbain Nawawi dipun terang aken bileh taqdir meniko kabagi wonten tigo. Sepindah, takdir ing ilmu nipun Allah. Takdir meniko mboten mungkin dipun rubah. Kados ingkang dipun dawoh aken Imam Qotadah:

لاَيَهْلِكُ اللهُ إلاَّ هَالِكًا

Artosipun, “Allah mboten bakal nyilaka aken tiyang kejawi tiyang kolo wahu sampun katakdir aken wonten ilmu nipun Allah dados tiyang ciloko”.

Nomer kaleh, takdir ingkang katulis wonten lauhil mahfud. Takdir meniko tahsih mungkin dipun rubah, kados ingkang dipun dawoh aken gusti Allah surat ar-Ra’du ayat 39:

يَمْحُو اللَّهُ مَا يَشَاءُ وَيُثْبِتُ وَعِنْدَهُ أُمُّ الْكِتَابِ } [ الرعد: 39 ] 

Allah bakal ngowahi nopo kemawon ingkang dipun kersa aken deneng Allah. Lan kosok wangsule, Allah geh bakal netepaken nopo kemawon ingkang dipun kersa aken. Lan wonten lauhil mahfud wonten pangarsanipun Allah SWT

Lan sampun kariwayat aken sakeng ibnu Umar, bileh piyambak ipun dedungo wonten ngersanipun Allah arupi dungo, “duh gusti, bileh kawulo sampun panjengan takdir aken dados tiyang ciloko, mugo-mugo penjengan kerso ngrubah dadosaken kulo tiyang bejo”.

Kaping tigo, arupi taqdir ingkang dipun rubah sebab hal-hal tertentu ing wekdal kang sampun dipun tentok aken. Wonten dawoh saking gusti kanjeng rosul, “estu, sodaqoh lan silarurahmi utawi nepung sanak biso ngowahi pati suul khotimah dadi pati khusnul khotimah” Nabi ugi dawuh aken:

إنَّ الدُّعَاءَ وَالبَلاَءَ بَيْنَ السَّمَاءِ والاَرْضِ يَقْتَتِلاَنِ وَيَدْفَعُ الدُّعَاءُ البَلاَءَ قَبْلَ أنْ يَنْزِلَ.

“sak tenane dungo lan balak iku ono ing antarane langit lan bumi, kekalih ipun saling perang. Lan dungo biso nolak marang balak utowo bencana, sakdurunge balak iku tumurun ing bumi”

Hadirin jama’ah Jum’ah Rohimakumulloh

Hadirin,, monggo monggo, mbesok ing wengine nisfu sa’ban ingkang insyaAllah dumawah wonten malem senin, kito ginak aken kanti ngatah ngatah aken shodaqoh lan dedungo marang gusti Allah SWT, mugo-mugo Allah kerso pareng dating kito sedoyo jembar ipun rizki, urip ingkang barokah, ing ahir e kulo panjenengan diparingi panjang umur dan diparingi kasempatan saget nemoni sasi romadhan. Amiin ya robnbal alamin.

اللهم بَارِكْ لَنَا فِي رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

وَالْعَصْرِ (1) إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ (2) إِلَّا الَّذِينَ آَمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ (3) بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ وَالْآيَاتِ الْحَكِيْمِ ،  إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمَ

Baca Juga :  Panduan Shalat Malam Nisfu Sya'ban

الخطبة الثانية

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أتَمَّ عَلَيْنَا نِعْمَتَهُ ، وَأَكْمَلَ لَنَا الدِّيْنَ , وَشَرَّعَ لَنَا مِنَ الْأَعْمَالِ الصَّالِحَاتِ أَنْوَاعًا وَأَصْنَافًا لِنَتَقَرَّبَ بِهَا إِلَى رَبِّ الْعَالَمِيْنَ . أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ أَكْرَمُ الْأَكْرَمِيْنَ . وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُصْطَفَى عَلَى جَمِيْعِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ . اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ . أَمَّا بَعْدُ

فَيآأيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ , اِتَّقُوا اللهَ  اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَأَطِيْعُوْهُ فَإِنَّ طَاعَتَهُ أَقْوَمُ وَأَقْوَى , وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادَ التَّقْوَى , وَاحْذَرُوا أَسْبَابَ سَخَطِ الْجَبَّارِ فَإِنَّ أَجْسَامَكُمْ عَلَى النَّارِ لَا تَقْوَى.

وَاعْلَمُوا أَنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ , وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ

وَعَلَيْكُمْ بِالْجَمَاعَةِ ، فَإِنَّ يَدَ اللهِ مَعَ الْجَمَاعَةِ ، وَمَنْ شَذَّ شَذَّ فِيْ النَّارِ

Baca Juga :  Khutbah Jumat : Syafa'at Dari Teman || Bahasa Indonesia

اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَقُرَّةِ أَعْيُنِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ ، وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ بِرَحْمَتِكَ يَآأرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ ؛ اللهم أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ , وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ , وَاجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا , رَخَاءً , سَخَاءً , وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ ؛ اللهم نَوِّرْ عَلَى أَهْلِ الْقُبُوْرِ قُبُوْرَهُمْ , اللهم اغْفِرْ لِلْأَحْيَاءِ وَيَسِّرْ لَهُمْ أُمُوْرَهُمْ

اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالرِّبَا وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ ، وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ ، عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً ، وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً ، بِرَحْمَتِكَ يَآ أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 

عِبَادَ اللهِ … إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يعظكم  لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ , وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ ,وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ , وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ

Download File Click Disini