Khutbah Jumat : Mengikis Kebahilan Dengan Zakat || Bahasa Jawa

Ky. Ahmad Muzakki
Zakat Fitrah

اخلطتث األوى

الْحَمْدُ لِلهِ الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِإِيْتَاءِ الزَّكَاةْ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إله إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الَّذِيْ جَعَلَ الأَمْوَالَ عَوْنًا للمُؤْمِنِ على أٌمُورِ دِيْنِهِ وَدُنْيَاهْ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ . اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ صَاحِبِ الشَّفَاعَةِ ، وَكَاشِفِ الْغُمَّةِ ، وَشَافِعِ الْأُمَّةِ ، وَعَلِى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ
أَمَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ اِتَّقُوا اللهَ ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ ، وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى : بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ وَأَقِيْمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ وَارْكَعُوْا مَعَ الرَّاكِعِيْنَ [البقرة/43]

Hadirin jama’ah Jumat yang dimuliakan Allah swt

Sumangga kito ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT. kanthi nindakaken sedoyo dhawuh-dhawuhipun lan nebihi laranganipun, amargi punika minangka satunggal-tunggaling margi supados kito saged wilujeng lan slamet ing donya lan
akhirat.

Jama’ah Jumat Rahimakumullah.

Ing pungkasan Ramadhan iki tahsih wonten setunggaling kewajiban kanggo saben Muslim marang awake dhewe lan batih-batihe utawi wong-wong kang wajib kito nafaqohi, yaiku kewajiban ngetokake Zakat Fitrah. Zakat fitrah lan zakat mal umume, ndhidhik manungsa supaya bisa mbrastha utawi nglebur salah sawijining penyakit manah, yaiku penyakit centil utawi bakhil.

Sipatipun tiyang centil punika tansah nggatosaken bilih bandha ingkang dipun dal aken, boten dipun uculaken kanthi gratis, nanging kedah wonten wangsulipun. Dheweke tansah mikir yen aweh bondo kudu cocok karo keuntungan sing dipikolehi. Mula, Syekh Nawawi al-Bantani, ing Kitob Nashaihu al-‘Ibad kaca 63, ngutip katrangan saking para ahli hikmah, yen tumindak centil iku kalebu watek e kewan.

الْبُخْلُ مَحْوُ صِفَاتِ اْلإِنْسَانِيَّةِ وَإِثْبَاتُ عَادَاتِ اْلحَيَوَانِيَّة

“Centil utawi bakhil mbusak watake manungsa lan nguatake watak kewan.”
Dos pundi kok saget dipun arani mbusak watek e manungsa? merga wong centil utawi bakhil ora gelem mbagekake marang liyan, wong centil kuwi atine mentolo weruh sedulur ing sisih tengen lan kiwane isih kurang. Lan iki kabeh sifate kewan.

Jama’ah Jumat Rahimakumullah.

Wong sing arep ngetokake zakat percaya yen zakat ora nyuda bandha. Kados ingkang kasebat wonten ing hadits,

Baca Juga :  Memahami Selaksa Keutamaan Bulan Ramadhan

مَا نَقَصَتْ صَدَقَةٌ مِنْ مَالٍ » الجمع بين الصحيحين البخاري ومسلم – ج 3 / ص 237

“Amal zakat shodaqoh ora nyuda bandha.” (HR. Muslim, no. 2558)
Wong sing arep mbayar zakat percaya yen bakal ana rong kabecikan sing bakal ditampa saking gusti Allah kang moho kawoso.
Kapisan, kabecikan wonten donyo, kabecikan sing langsung dituduhake dening Gusti Allah ing jagad dunyo. Kanthi ngedal aken zakat mesthi bakal nyegah dateng prilaku nyolong, jambret, lan rampok. Amargi kanthi zakat, sawetara kabutuhan wong sing urip ing mlarat wis dicukupi, mula iki nyegah dheweke ngrebut bandha wong sugih utawa tumindak olo marang dheweke. Utawa kabecikan kang bakal dirasakake dening muzaki utawi tiyang ingkang ngedalaken zakat ing donya. Kados dawuhipun Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam,

وَلَمْ يَمْنَعُوا زَكَاةَ أَمْوَالِهِمْ إِلاَّ مُنِعُوا الْقَطْرَ مِنَ السَّمَاءِ وَلَوْلاَ الْبَهَائِمُ لَمْ يُمْطَرُوا» سنن ابن ماجه – (ج 12 / ص 25)

“Sawijining kaum iku ora mbayar zakat marang bandhane, wong-wong mau bakal dicegah saka udan saka langit. Yen ora marga saka kewan-kewan mau mesthi ora kaparingan udan.” (HR. Ibnu Majah, no. 4019).
Kanthi zakat, Allah bakal nggedhekake rezeki kito, kanthi zakat Allah bakal nggampangake lan nambah rezeki kito.
Kapindho, kabecikane Uhrowi. Kabecikan sing bakal diganjar dening Allah mbenjang ing akhirat. Nylametake wong-wong sing mbayar zakat saka panase dina kiamat. Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika,

كُلُّ امْرِئٍ فِى ظِلِّ صَدَقَتِهِ حَتَّى يُفْصَلَ بَيْنَ النَّاسِ» شعب الإيمان – البيهقي – (ج 3 / ص 212)

“Saben uwong bakal ana ing naungan amalan zakat shodaqoh e nganti Allah ngrampungake proses hisab.” (HR. Ahmad, 147.)
Lan tahseh katah sanget dawoh-dawoh lintu. Janji-janji Allah sing bakal diparingake marang manungsa kang puron ngetokake zakat saka bandhane.

Jama’ah Jum’at, Rahmakumullah.

Mugi-mugi kito sedoyo, keluarga lan sederek sedoyo tansah pikantuk pitulungan saking Allah Subhanahu wa Ta’ala supados sedaya dados abdinipun Allah ingkang iman, digampangaken rejeki lan gampil ngetokaken zakat lan ing menapa kemawon. wekdal ajal menjemput ing kahanan sahe pungkasan / khusnul khotimah.Amin Ya Robbal Alamin.

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
«وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ وَمَا تُقَدِّمُوا لِأَنْفُسِكُمْ مِنْ خَيْرٍ تَجِدُوهُ عِنْدَ اللهِ إِنَّ اللهَ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ » [البقرة/110]
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ وَالآيَاتِ الْحَكِيْمِ إِنَّهُ هَوُ الْغَفُوْرُ

Baca Juga :  Khutbah Jumat : Kemuliaan Tamu Allah || Bahasa Jawa

الخُطْبَةُ الثَّانِيَةُ

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أتَمَّ عَلَيْنَا نِعْمَتَهُ ، وَأَكْمَلَ لَنَا الدِّيْنَ , وَشَرَّعَ لَنَا مِنَ الْأَعْمَالِ الصَّالِحَاتِ أَنْوَاعًا وَأَصْنَافًا لِنَتَقَرَّبَ بِهَا إِلَى رَبِّ الْعَالَمِيْنَ .أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ أَكْرَمُ الْأَكْرَمِيْنَ .وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُصْطَفَى عَلَى جَمِيْعِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ .اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ .أَمَّا بَعْدُ

فَيآأيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ , اِتَّقُوا اللهَ-اِتَّقُوااللهَتَعَالَىوَأَطِيْعُوْهُ فَإِنَّ طَاعَتَهُ أَقْوَمُ وَأَقْوَى , وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادَ التَّقْوَى , وَاحْذَرُوا أَسْبَابَ سَخَطِ الْجَبَّارِ فَإِنَّ أَجْسَامَكُمْ عَلَى النَّارِ لَا تَقْوَى

وَاعْلَمُوا أَنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ , وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ

وَعَلَيْكُمْ بِالْجَمَاعَةِ، فَإِنَّ يَدَ اللهِ مَعَ الْجَمَاعَةِ ، وَمَنْ شَذَّ شَذَّ فِيْ النَّارِ

اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَقُرَّةِ أَعْيُنِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ ، وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ بِرَحْمَتِكَ يَآأرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ؛ اللهم أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ , وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ , وَاجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا , رَخَاءً , سَخَاءً , وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ؛ اللهم نَوِّرْ عَلَى أَهْلِ الْقُبُوْرِ قُبُوْرَهُمْ , اللهم اغْفِرْ لِلْأَحْيَاءِ وَيَسِّرْ لَهُمْ أُمُوْرَهُمْ

اللهم ادْفَعْعَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالرِّبَا وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ ، وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ ، عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً ، وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً ، بِرَحْمَتِكَ يَآ أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

عِبَادَ اللهِ … إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يعظكم لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ , وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ ,وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ , وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ