Khutbah Jumat : Bertanam Di Bulan Sya’ban Bahasa Jawa

Ky. Ahmad Muzakki
bulan-syaban

الخطبة الأولى

الْحَمْدُ ِللهِ…. الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ خَلَقَ الزّمَانَ وَفَضَّلَ بَعْضَهُ عَلَى بَعْضٍ فَخَصَّ بَعْضُ الشُّهُوْرِ وَالأَيَّامِ وَالَليَالِي بِمَزَايَا وَفَضَائِلَ يُعَظَّمُ فِيْهَا الأَجْرُ والحَسَنَاتُ وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى الرَّشَادِ. اَللّٰهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ عَضُّوْا عَلَى سُنَّتِهِ بِالنَّوَاجِذِ وَ هُدَاةِ الأَنَامِ في أَنْحَاءِ البِلاَدِ
.أَمَّا بَعْدُ، فَيَاآيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى فَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًا يَرَهُ وَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَرَه

Hadirin jama’ah Jum’ah Rohimakumulloh

Monggo-monggo, kulo dalah panjenengan, tansah o ningkataken ajrih, ningkat aken taqwa dateng pangarsanipun Allah SWT. kanti miderek perintah ipun lan annebihi sedoyo laranganipun. Keranten naming sebab taqwa, kito esdoyo bade angsal kabejan, kamulyan ingkang saestu. Kados ingkang dipun dawuh aken Allah wonten surat yunus :

الَّذِينَ آَمَنُوا وَكَانُوا يَتَّقُونَ (63) لَهُمُ الْبُشْرَى فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآَخِرَةِ (64) [يونس/63، 64]

Tiyang-tiyang ingkang sami iman lan taqwa dumateng Allah, estu bakal nompo kabar bungah ing pagesangan dunyo lan ahirot.

Hadirin jama’ah Jum’ah Rohimakumulloh

Wulan sya’ban, utawi sering disebat sasi ruwah meniko dipun wastani Syahru Sholawati Ala Nabi Sollaahu Alaihi Wa Sallam kados ingkang sampun dipun dawuh aken Syeh Abdul Qodir Al Jailani wonten kitab Al-Ghunyah. Sayyid Muhammad Ibni Abbas Al-Maliki ugi dawuh aken bileh ayat :

إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيما

Meniko tumurun geh wonten sasi ruwah. Pramilo, monggo kito tansah ngatah-ngatah aken maos sholawat dateng kanjeng Nabi Muhammad saw .

Hadirin ..

Monggo kito miderek dateng prilaku ingkang sampun dipun tulada aken deneng kanjeng Nabi. Kanjeng Rosul tansah mucal aken dumateng kulo panjenengan sedoyo, kagem nandur kabecian tanpo ngarep-ngarep dipun tampi kalian tiyang sanes utawi bahkan dipun tolak kalian tiyang sanes. Kito tancep aken dateng manah bilah tujuan ngelampahi kebecikan meniko, mligi mureh ridha nipun Allah. Ugi kedah dipun mangertosi bileh kabecian meniko dipun dasari kalian perintah ipun Allah SWT. Kito kedah sadar bileh kebecian ingkang kito lampahi meniko dereng mesti dipun tampi sahe deneng tiyang sanes, bahkan mungkin sanget dados aken perkawis ingkang mboten sahe tumrap awak kito. Perumpamanipun menawi kito nanem pantun, ternyata mesti suket-suket geh katah seng tumut cukul. Kadoso kesahenan ingkang kito lampahi, mesti wonten mawon suket –suket ingkang melu cukul. Kosok wangsul e, menawi kito nanem suket lateng, utawi suket rete-rete seng wonten ri ne, mboten bakal cukul pantun, langkung-langkung kito panen pantun. Milo Allah dawoh :

Baca Juga :  Khutbah Jumat : Amaliyah Bulan Muharram Syekh Abdul Hamid || Bahasa Indonesia

إِنْ أَحْسَنْتُمْ أَحْسَنْتُمْ لَأَنْفُسِكُمْ وَإِنْ أَسَأْتُمْ فَلَهَا

Lamun sliramu nandur bagus, iku naming kanggo awakmu dewe. Nangin menawi sliramu nandur olo, mongko iku mesti mlarati marang awakmu dewe.
Wal hasil, sedanten ingkang kito pureh, ingkang kito lampahi wonten dunyo, sejatos e nandur kangge besok gesang wonten ahirot. Kanjeng Nabi dawoh:

مَنْ نَفَّسَ عَنْ مُؤْمِنٍ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا نَفَّسَ اللَّهُ عَنْهُ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ وَمَنْ يَسَّرَ عَلَى مُعْسِرٍ يَسَّرَ اللَّهُ عَلَيْهِ فِى الدُّنْيَا وَالآخِرَةِ وَمَنْ سَتَرَ مُسْلِمًا سَتَرَهُ اللَّهُ فِى الدُّنْيَا وَالآخِرَةِ وَاللَّهُ فِى عَوْنِ الْعَبْدِ مَا كَانَ الْعَبْدُ فِى عَوْنِ أَخِيه

Seng sopo wong e gelem nandur kebecikan, nulung dumateng tiyang sane sing dunyo, mongko dewek e bakal di gampangne kalian allah, bakal panen besok ing dino kiyamat.
Mulo monggo hadirin, ing sasi ruwah meniko kito isi kanti kesahenan, sebab wonten sasi ruwah meniko amal kito dipun angkat, dipun setor aken dateng Allah. kados ingkang dipun dawuh aken kanjeng Nabi :

عَنْ أُسَامَةَ بْنِ زَيْدٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا قَالَ: قُلْتُ: يَا رَسُوْلَ اللهِ!، لَمْ أَرَكَ تَصُوْمُ مِنْ شَهْرٍ مِنَ الشُّهُوْرِ مَا تَصُوْمُ مِنْ شَعْبَانَ؟ قَالَ: ذٰلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ، بَيْنَ رَجَبَ وَرَمَضَانَ، وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيْهِ اْلأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ. فَأُحِبُّ أَنْ يُّرْفَعَ عَمَلِيْ وَأَنَا صَائِم

Duh kanjeng rasul, kulo mboten nate perso panjenengan poso teng sasi ruwah kados wulan wulan sanes? Kanjeng rasul dawoh, sasi ruwah iku sasi seng podo dilalekne manungso, yaoiku sasi antarane wulan rejeb karo romadhon.
Lajeng kanjeng nabi nerus aken dawoh :

وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيْهِ اْلأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ. فَأُحِبُّ أَنْ يُّرْفَعَ عَمَلِيْ وَأَنَا صَائِمٌ

Baca Juga :  Khutbah Jumat : Bertanam Di Bulan Sya'ban Bahasa Indonesia

Sedoyo amal e menungso iku dipun laporaken dumateng ngersanipun Allah wonten sasi ruwah. Mongko aku poso terus ing sasi ruwah mergo aku kepengen laporan amalanku bagus naliko dipun aturaken dumateng pangasrsanipun Allah.

Hadirin jama’ah Jum’ah Rohimakumulloh

Mugo-mugo kito keluargo kito, lan sedulur-sedulur kito tansah nompo pitulung ugo kanugrahane kang moho kuwoso, hinggo tansah dadi kawulo kang dumeni iman , lan keyakinan kang bener, lan netepi marang akidah ahlu sunnah wal jamaah akidah e poro nabi, poro wali lan poro kyai Nahdlotul Ulama.

اللهم بَارِكْ لَنَا فِي رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَأَشْرَقَتِ الْأَرْضُ بِنُورِ رَبِّهَا وَوُضِعَ الْكِتَابُ وَجِيءَ بِالنَّبِيِّينَ وَالشُّهَدَاءِ وَقُضِيَ بَيْنَهُمْ بِالْحَقِّ وَهُمْ لا يُظْلَمُونَ وَوُفِّيَتْ كُلُّ نَفْسٍ مَا عَمِلَتْ وَهُوَ أَعْلَمُ بِمَا يَفْعَلُونَ
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ وَالْآيَاتِ الْحَكِيْمِ ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمَ

Download File Click Disini

Penulis: Ky. Muzakki Ahmad