Khutbah Jumat : Syafa’at Dari Teman || Bahasa Jawa

Ky. Ahmad Muzakki
syafa'at dari teman

الخطبة الأولى

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أَفَاضَ عَلَيْنَا النِّعْمَةَ ، وَكَتَبَ عَلَى نَفْسِهِ الرَّحْمَةَ ، وَأَذِنَ لِمَنْ اخْتَارَهُ بِالشَّفَاعَةِ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إله إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ . اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ صَاحِبِ الشَّفَاعَةِ ، وَكَاشِفِ الْغُمَّةِ ، وَشَافِعِ الْأُمَّةِ ، وَعَلِى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْخِيَرَةِ ، وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةُ . أَمَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ
اِتَّقُوا اللهَ ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ ، وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Hadirin Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah

Sumangga kita tansah istiqomah anggenipun ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT. kanthi tansah nindakaken perintah-perintahipun lan nebihi laranganipun, keranten kanthi taqwa kita badhe dipun slametaken dening Allah saking siksa neraka, Allah SWT. dawuh :

ثُمَّ نُنَجِّيْ الَّذِينَ اتَّقَوْا وَنَذَرُ الظَّالِمِينَ فِيهَا جِثِيًّا [مريم/72]

Banjur Ingsun nylametake wong-wong kang taqwa lan Ingsun jarake wong-wong kang nganiaya ono ing jerune neroko kanthi dloshor.

Hadirin Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah

Syekh Khotib As-Syirbini, ulama ingkang kondhang saking kalangan penderek mazhab Imam Syafi’i, wonten ing tafsiripun, nyebataken hadits ingkang dipun riwayataken dening Jabir:

«إِنَّ الرَّجُلَ لَيَقُوْلُ فِيْ الْجَنَّةِ : مَا فَعَلَ صَدِيْقِيْ فُلَانٌ وَصَدِيْقُهُ فِيْ الْجَحِيْمِ ، فَيَقُوْلُ اللهُ تَعَالَى : أَخْرِجُوا لَهُ صَدِيْقُهُ إِلَى الْجَنَّةِ ، فَيَقُوْلُ : مَنْ بَقِيْ فِيْ النَّارِ فَمَا لَنَا مِنْ شَافِعِيْنَ وَلَا صَدِيْقٍ حَمِيْمٍ» اهـ تفسير السراج المنير الشربيني 3/59

Salah setunggalipun penduduk swarga dawuh: “Apa sing ditindakake kanca cedhakku yaiku si fulan?” padahal kanca rakete deweke ana ing Neraka. Banjur Allah dawuh dateng Malaikat: “podhoho ngetokake siro ing kanca rakete wong mau melebu marang swarga”. Nuli Kanjeng Nabi dawuh: “Wong-wong kang bakal ditinggal ana ing neraka yaiku wong-wong (kafir) sing ngomong : “aku ora duwe pembantu kang bisa nulung lan ora duwe kanca sing cedhak.”

Hadirin Rahimakumullah

Hadits kasebat maringi pirso dateng kita sedaya bilih tiang ingkang dados penduduk swarga, ingkang sak mesthinipun piambake tiyang mukmin lan muttaqin, piyambake saget nulungi dateng kanca-kanca raketipun ingkang wonten ing neraka supados lajeng dipun lebetaken dateng swarga sareng piyambake, menikolah ingkang dipun wastani syafa’at saking rencang.

Lan sampun sak mestinipun kahanan menika minangka kabar bebingah kagem kita sedaya ingkang asring nindakaken maksiat lan katahing dusha, bilih kanthi kekancan kalian tiyang-tiyang sholih meniko dados pengajeng-ngajeng bilih manke piyambakipun bakal paring pitulungan dateng kita saking geni neraka. Lan tamtunipun bilih kanthi ngatah-ngatahaken kekancan ugi langkung katah kemungkinan anggen kita pikantuk Syafa’at saking rencang.

Baca Juga :  Khutbah Jumat : Mengikis Kebahilan Dengan Zakat || Bahasa Indonesia

Pramila leres mawon menawi Imam AL-Hasan dawuh :

«اِسْتَكْثِرُوا مِنَ الْأَصْدِقَاءِ الْمُؤْمِنِيْنَ فَإِنَّ لَهُمْ شَفَاعَةً يَوْمَ الْقِيَامَةِ» اهـ تفسير السراج المنير الشربيني3/59

Sira ngakeh-ngakehno olehe kekancan karo wong-wong kang iman!, merga besuk ing dina kiyamat deweke entuk izin kanggo menehi pitulungan.

Hadirin Rahimakumullah

Pranyata, kados mekatenlah agengipun manfaatipun kekancan wonten ing syariat agami kita, ananging kedah kita mangertosi bilih sejatosipun kekancan ingkang saged nuwuhaken syafa’at utawi pitulungan inggih menika kekancan wonten ing kesaenan kados kekancan wonten sholat jama’ah, ing majlis ta’lim lan ibadah lintunipun. Sanes kekancan ing perkawis dunyo utawi malah kekancan wonten ing perkawis maksiat.

Wonten ing Hadits Sahih ingkang diriwayataken Muslim, dipun sebataken bilih nalikanipun tiyang-tiyang mukmin sami lumebet wonten ing swarga, piyambakipun nyuwun pirsa babagan nasibipun rencang-rencang, lan sasampunipun mangertos bilih rencang-rencangipun sami wonten ing neraka, piyambakipun protes kanthi dawuh :

يَقُوْلُوْنَ : رَبَّنَا ! كَانُوْا يَصُوْمُوْنَ مَعَنَا ، وَيُصَلُّوْنَ ، وَيَحُجُّوْنَ ، فُيَقَالُ لَهُمْ : «أَخْرِجُوا مَنْ عَرَفْتُمْ» ، فَتُحْرَمُ صُوَرُهُمْ عَلَى النَّارِ ، فَيُخْرِجُوْنَ خَلْقًا كَثِيْرًا ، اهـ صحيح مسلم 3/21

Dheweke (wong suwarga) padha podho matur : “Dhuh Pangeran kawula, kenging punapa rencang-rencang kawula wonten ing naraka, ing mongko piyambakipun sami siyam, shalat lan haji sareng kaliyan kula”, lajeng dipun dawuhaken : “siro podho ngetokake wong-wong kang siro kenal !”. lajeng wajahipun rencang-rencange dipun aling-alingi saking geni neraka (supados piyambake saget nyumerapi rencang-rencangipun), lajeng piyambakipun ngedaleken tiyang katah saking.

Pramilo wonten salah setunggalipun ulama’ matur dateng jama’hipun :

إِنْ لَمْ تَجِدُوْنِيْ فِيْ الْجَنَّةِ بَيْنَكُمْ فَاسْأَلُوا عَنِّيْ وَقُوْلُوا : «يَا رَبَّنَا عَبْدُكَ فُلَانٌ كَانَ يُذَكِّرُنَا بِكَ

Manawi panjenengan mboten manggihi kulo wonten ing swarga, mangka mugi panjenengan sami nangletaken kulo kanthi pematur : “Dhuh Pangeran kula, kawula panjenengan Sifulan, punika ingkang tansah ngengetaken kawula dhateng panjenengan”. Lajeng piambakipun mular.

Hadirin Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah

Mugi-mugi kita sedaya, keluarga lan masyarakat kita dipun kempalaken kalian tiyang-tiyang ingkang solih wonten ing suwarga. Amin, amin ya robbal ‘alamin.

Baca Juga :  Berikut Alasan Mengapa Hari Jumat sebagai Hari Istimewa

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يَوْمَئِذٍ لاَّ تَنفَعُ الشَّفَاعَةُ إِلاَّ مَنْ أَذِنَ لَهُ الرَّحْمٰنُ وَرَضِيَ لَهُ قَوْلاً
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ بِالْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ ، إِنَّهُ تَعَالَى جَوَّادٌ كَرِيْمٌ ، مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

الْخُطْبَةُ الثَّانِيَةُ

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أَتَمَّ عَلَيْنَا نِعْمَتَهُ وَأَكْمَلَ لَنَا الدِّيْنَ , وَشَرَّعَ لَنَا مِنَ الْأَعْمَالِ الصَّالِحَاتِ أَنْوَاعًا وَأَصْنَافًا لِنَتَقَرَّبَ بِهَا إِلَى رَبِّ الْعَالَمِيْنَ . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إله إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ أَكْرَمُ الْأَكْرَمِيْنَ . وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُصْطَفَى عَلَى جَمِيْعِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ . اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ : فَيَآأَيُّهَا اْلحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ , اِتَّقُوا اللهَ ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَأَطِيْعُوْهُ ، فَإِنَّ طَاعَتَهُ أَقْوَمُ وَأَقْوَى , وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى , وَاحْذَرُوا أَسْبَابَ سُخْطِ الْجَبَّارِ فَإِنَّ أَجْسَامَكُمْ عَلَى النَّارِ لاَ تَقْوَى

وَاعْلَمُوا أَنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ , وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ

وَعَلَيْكُمْ بِالْجَمَاعَةِ فَإِنَّ يَدَ اللهِ مَعَ الْجَمَاعَةِ وَمَنْ شَذَّ شَذَّ فِيْ النَّارِ

وَاعْلَمُوا أَنَّكُمْ غَدًا بَيْنَ يَدَيِ اللهِ مَوْقُوْفُوْنَ , وَبِأَعْمَالِكُمْ مَجْزِيُّوْنَ , وَعَنْ أَفْعَالِكُمْ مُحَاسَبُوْنَ , وَعَلَى تَفْرِيْطِكُمْ نَادِمُوْنَ , وَسَيَعْلَمُ الَّذِيْنَ ظَلَمُوا أَيَّ مُنْقَلَبٍ يَنْقَلِبُوْنَ

اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ وَتَرَحَّمْ عَلىَ سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَقُرَّةُ أَعْيُنِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ بِرَحْمَتِكَ يَآأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ . اللهم أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ واَلْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ , وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ , وَاجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا , رَخَاءً , سَخَاءً , وَسَائِرَ بِلاَدِ الْمُسْلِمِيْنَ . اللهم نَوِّرْ عَلَى أَهْلِ الْقُبُوْرِ قُبُوْرَهُمْ , اللهم اغْفِرْ لِلْأَحْيَاءِ وَيَسِّرْ لَهُمْ أُمُوْرَهُمْ .اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْغَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالرِّبَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ ، عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةْ ، وَعَنْ سِائِرِ بِلاَدِ الْمُسْلِمْيَنَ عَامَّةْ ، بِرَحْمَتِكَ يَآ أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

عِبَادَ اللهِ … إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَالْإَحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ , وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ ,وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ , وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ

Download File Click Disini