Khutbah Idul Fitri : Yang Pantas Berhari Raya || Bahasa Jawa

Ky. Ahmad Muzakki
yang berhari raya idul fitri

الخطبة الأولى

اللهُ أَكْبَرُ ………. x 9
اللهُ أَكْبَرُ عَدَدَ مَا صَامَ صَائِمٌ وَأَفْطَرَ ، اللهُ أَكْبَرُ عَدَدَ مَا هَلَّلَ مُهَلِّلٌ وَكَبَّرَ ، اللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا ، وَالْحَمْدُ لِلهِ كَثِيْرًا ، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةًُ وَأَصِيْلًا ، لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ ، اللهُ أَكْبَرُ ، اللهُ أَكْبَرُ ، وَلِلهِ الْحَمْدُ ، الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ سَهَّلَ لِلْعِبَادِ طَرِيْقَ الْعِبَادَةِ وَيَسَّرَ ، وَأَفَاضَ عَلَيْهِمْ مِنْ خَزَائِنِ جُوْدِهِ الَّتِيْ لَا تُحْصَرْ ، وَجَعَلَ لَهُمْ عِيْدًا يَعُوْدُ فِيْ كُلِّ عَامٍ وَيَتَكَرَّرَ ، نَقَّاهُمْ بِهِ مِنْ دُوْنِ الذُّنُوْبِ وَطَهَّرَ ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الَّذِيْ خَلَقَ الْخَلْقَ فَقَدَّرَ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ اللِّوَاءِ وَالْكَوْثَرْ ، اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ أَفْضَلِ الْبَشَرِ ، وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْمُطَهَّرِ ، وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ جَزَاءِ الْأَكْبَرِ ، أَمَّا بَعْدُ
فَيآأيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ ، اتَّقُوا اللهَ ، اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Hadirin Wal Hadirat Jama’ah Shalat Idul Fitri Rohimakumulloh

Kito bersyukur dateng ngarsanipun Allah dateng nopo kemawon ingkang sampun dipun paring aken dateng kito sedoyo, sehinggo milai kolo wingi kito kumandang aken takbir, kito kumandang aken tahlil, tasbih . kito agung aken gusti Allah lan kito cilik aken kito kiyambak. Lan injing meniko kito lumebet ing dino kang kebak nikmat, mulo monggo samisami ningkat aken ibadah kito wonten ngarsanipun Allah, lan ing wekdal sami kito tilar tebih-tebih sedanten larangan ipun Allah.

اللهُ أَكْبَرُ ، اللهُ أَكْبَرُ ، اللهُ أَكْبَرُ ، وَلِلهِ الْحَمْدُ

Hadirin Wal Hadirat Rohimakumulloh

Sejatose manungso iku wonten kaleh bagian. Inggeh meniko ungsur jasmani, lan ungsur ruhani. Unsur jasmani ingkang dados aken manungso saget berhubungan kalian nopo kemawon ingkang sifat ipun bongso fisik utawi dhohir. Bileh Unsur ruhani meniklo saget nyabab aken manungso berhubungan kalian hal-hal ingkang sifat ipun bongso roso, bongso ruhani. Kekalih unsur meniko kedah ipun dipun perhatek aken kanti sami. Ampun ngantos jonjing. Bileh jonjing mongko manungso niku mboten kados so menungso.

Bileh tiyang meniko naming minter aken jasmani nipun mawon, akal ipun mawon, sekolah ipun duwur, pinter sundul langit, nanging mboten dipun sarengi miter aken ruhani nipun, mongko tiyang bakal berperilaku awon seng mboten nuduh aken dewek e gadah ilmu duwur. Wonten unen-unen bileh ilmune iso ngelih gunung, iso noto gunung, nangieng dewek e ora biso noto awak e dewe. Sebab, seng dipenterne naming akal e, ruhani nipun mboten dipun pinter aken.

Bileh sampun mekaten, mongko bileh dewek e dadi pejabat, rikalane weuh rakyat, seng ono fikirane naming piye ampreh dadi milytan rupiyah. Atine ora biso nangkep symbol-simbol kemiskinan, symbol-simbol keadilan.

Bileh tyang kolo wahu dados dokter, mongko seng ono fikirane bileh anane pasien naming dados sapi perahan ingkang saget ngasil aken yotro kang katah. Dewek e mboten saget nampi simbul-simbul kemanusiaan, atini atos tur ora nduwe roso welas.

Padahal poro rawoh, ingkang kito pureh ingdalem urep niki nopo sejatose?
Ingkang kito pureh ingdalem dunyo iki geh naming kebahagiaan, katentreman, kesucian, lan keindahan. Sedoyo meniko gejala-gejala ruhani, sedoyo meniko babakan roso. Sanes jasmani, sanes fisik.

Mulo bileh unsur ruhani meniko mboten dipun perhatos aken, mongko tiyang meniko mboten bakal saget tentrem, mboten saget bahagia, mboten saget ayem. Sampek-sampek wonten pribahasa, omah apik ora nundohne ketentreman, duwet sak gunung ora nekane kebahagiyaan, barang-barang mewah ora nekane ayem me manah. Mongko katah sanget, tiyang sugih, malah pejah ipun kanti bunuh diri. Naudzubillah min dzalik.

Milo hadirin kawontenan romadhon kolo wingi meniko, estunipun Allah ngemut aken dateng kito sedoyo, “he poro manungso, he poro manungso, saktemene ono jero awakmu ano ruhani, ora mung jasmani, ono jero awakmu ono unsur roso”. Ing ahire, katah ulama, ingkang ngarani romadhon meniko kalian sebutan Madrosatun Ruhaniyyatun. Pendidikan ruhani.

Baca Juga :  Berikut 8 Hal yang Disarankan di Hari Jumat

Hadirin Wal Hadirat Jama’ah Shalat Idul Fitri Rohimakumulloh

Sejatose, nopo ingkang sampun dipun ajar aken kalian madrosah ingkang name romdhon meniko? Wonten pinten-pinten pelajaran ing dalem Madrosatun Ruhaniyyatun. Inggeh meniko:
Sepisan, Keihlasan. Ihlasun niyat.
Romadhon mulangkito amreh saget urep ihlas, berperilaku ihlas. Sebab, poso romadhon meniko siji sijine ibadah ingkang mboten saget kito pamer aken, mboten saget dipun riya’ aken. Benten kaleh ibadah-ibadah lintune. Kadoso sholat saget kito pamer aken, maos alquran sget kito pemer aken, shodaqoh saget kito foto lajeng kito viral aken. Dados, tiyang poso meniko tujuan ipun naming Allah, orientasi nipun naming Allah. Ridho Allah. Ridho Allah.

اِبْتِغَاءً لِمَرْضَةِ اللهِ

Milo hadirin, wonten hadis qudsy Allah meniko dawoh:

كُلُّ عَمَلِ ابْنِ آدَمَ لَهُ إِلاَّ الصِّيَامَ فَإِنَّهُ لِى وَأَنَا أَجْزِى بِهِ

Kabeh ibadah anak idam iku kanggo dewek e, kejobo poso. Poso iku kanggo aku. Aku dewe seng bakal ngganjar.
Sehinggo poso meniko termasuk ibadah ingkang personal sanget. Ibadah ingkang ngertos naming dewek e dwe kalian Allah.
Poso meniko lah sampun mulang kito piye urep ihlas, kito poso mboten pados nopo-nopo, mboten mergo pengen di elem, mboten mergo golek bondo dunyo. Ingkang kito uber naming Allah, naming ridho Allah.

وَرِضْوَانٌ مِنَ اللهِ اَكْبَرْ

Keridhoan Allah SWT langkung ageng katimbang nopo kemawon.
Milo, bileh tiyang ingkang poso nipun sempurno, bileh ngelampahi kehidupan meniko mestinipoun saget ihlas, mboten serba pamreh, ingkang dipun padosi naming Allah.

Kaping kalih, Tazkyyatun nafs. pembersihan diri.
Poso meniko sampun mulang babakan bersih aken awak, mbersih aken ruhani, mbersih aken reget e ati utawi dipun arani Tazkyyatun nafs. Poso meniko sejatose mboten naming ninggal mangan lan ninggal nginum. Makane awit awal romadhon meniko kito asring sanget kepireng dawoh:

فَلاَ يَرْفُثْ وَلاَ يَسْخَبْ

Ojo omong kasar, ojo omong elek, ojo mbukak aib konco lan dulor, ojo ngrasani, ngantos ngantos kanjeng rosul dawoh, bileh kito wonten tiyang ingkang ngajak tukaran, kito kapureh matur:

فَلْيَقُلْ : إِنِّى امْرُؤٌ صَائِمٌ

Ngaten hadirin, bileh tiyang poso meniko naming mboten mangan mboten nginum, tapi tutk e mboten poso, mripate mboten poso, kuping emboten poso, mongko dewek e ora bakal oleh opo-opo kejawi luwe kalian ngelak.
Kados dawoh ipon kanjeng nabi:

كَمْ مِنْ صَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ صِيَامِهِ إِلَّا الْجُوعُ

Okeh banget wong poso nanging ora oleh opo-opo kejobo luwe.” (HR. Imam Ahmad)

Hadirin Wal Hadirat Jama’ah Shalat Idul Fitri Rohimakumulloh

14 abad kapungkur, kulo enget, wonten sahabat nabi lagi ngelampahio poso. Lajeng kalian nabi dipun utus mbatal aken posone kanti muntah, ngedal aken panganan soko weteng e. banjur tiyang klowhu matur, “dalem sak meniko siyam kanjeng nabi”. Nabi njawab” iyo aku weruh lek sliramu lagi poso, tapi cubo muntaho saiki”. Lajeng shohabat kolo wahu estu ngedal aken isi weteng ipun, muntah.

Nanging ingkang dipun Utah aken sanes daharan, sanes panganan. Ingkang medal saking tutuk e inggeh meniko getih kalian daging bosok. Lajeng poro sahabat keget, matur dateng kanjeng nabi, “teng nopo saget mekaten nabi, piyambak e meniko tiyang ingkang poso, menopo ingkang medal sanes kurmo utawi roti?” kanjeng nabi dawoh, “shahabat meiko poso, nanging lisan e mboten poso, seneng mbukak aib e koonco, senng ngrasani konco”.
Makane mboten aneh, bileh teng alquran dipun gambar aken:

Baca Juga :  Khutbah Idul Fitri : Yang Pantas Berhari Raya || Bahasa Indonesia

أَن يَأْكُلَ لَحْمَ أَخِيهِ مَيْتاً

Tiyang ingkang kerso bikak aib ipoun tiyang sanes, sami kalian mangan daging e koncone seng wes mati.
Padahal, tujuan ipun poso meniko bisoho dados tiyang taqwo.

لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ

Kaping tigoi, Itqonul ibadah penyempurnaan peningkatan ibadah
Ningkat aken kuwalitas ibadah, ningkat aken raos enteng anggene ngibada ngarsane Allah. Salami romadhon kito saget njagi sholat 5 wekdal kanti jamaah, kito saget tadarus alquran ngantos khotam, kito saget tarawih, kito saget enteng anggene shodaqoh ;lan sak pitunggalane. Mulo monggo hadirin, kito beto romadon meniko wonten 11 wulan ingkang bade kalampah meniko.
Bileh tigang perkawis meniko sampun dipun laksanaken, mongko dewek e lah ingkang dipun wastani idul fitri.

Hadirin Wal Hadirat Jama’ah Shalat Idul Fitri Rohimakumulloh
Mugi-mugi kito saget dados muttaqin . Amin, Amin, Amin Ya Robbal Alamin.

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قُلْ إِنَّ صَلَاتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ ، لَا شَرِيكَ لَهُ وَبِذَلِكَ أُمِرْتُ وَأَنَا أَوَّلُ الْمُسْلِمِينَ [الأنعام : 162-163]
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ وَالآيَاتِ الْحَكِيْمِ إِنَّهُ هَوُ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ

الخُطْبَةُ الثَّانِيَةُ

اللهُ أَكْبَرُ ………. x 7
اللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا ، وَالْحَمْدُ لِلهِ كَثِيْرًا ، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةًُ وَأَصِيْلًا ، لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ ، اللهُ أَكْبَرُ ، اللهُ أَكْبَرُ ، وَلِلهِ الْحَمْدُ
الْحَمْدُ لِلهِ مُعِيْدِ الْجَمْعِ وَالْأَعْيَادِ ، وَمُبِيْدِ الْأُمَمِ وَالْأَجْنَادِ ، وَجَامِعِ النَّاسِ لِيَوْمٍ لَا رَيْبَ فِيْهِ إِنَّهُ لَا يُخْلِفُ الْمِيْعَادَ ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ ، وَلَا نِدَّ ، وَلَا مُضَادَ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُفَضَّلُ عَلَى جَمِيْعِ الْعِبَادِ ، اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الدَّاعِيْ إِلَى سَبِيْلِ الرَّشَادِ ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ السَّادَةِ الْأَمْجَادِ ، وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ التَّنَادِ ، أَمَّا بَعْدُ

فَيَآ أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ ، اِتَّقُوا اللهَ ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَأَطِيْعُوْهُ وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاحْذَرُوا أَسْبَابَ سَخَطِ الْجَبَّارِ فَإِنَّ أَجْسَامَكُمْ عَلَى النَّارِ لَا تَقْوَى

وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ يَقُوْلُ : «إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيْمًا

اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ ، وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ . اللهم اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأمْوَاتِ . اللهم أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ ، وَاجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا رَخَاءً سَخَاءً وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ ، اللهم نَوِّرْ عَلَى أَهْلِ الْقُبُوْرِ قُبُوْرَهُمْ ، وَيَسِّرْ لَهُمْ أُمُوْرَهُمْ ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ ، وَالْوَبَاءَ ، وَالرِّبَا ، وَالزِّنَا ، وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ ، وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ وَمَا بَطَنَ ، عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً ، بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

عِبَادَ اللهِ ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ ، وَإِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَا، وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ وَالطُّغْيَانْ ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ ، وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ ، وَاللهُ يَعْلَمُ ماَ تَصْنَعُوْنَ

Download File Click Disini