Khutbah Jumat : Hamba Yang Dikehendaki Baik Oleh Allah || Bahasa Jawa

Ky. Ahmad Muzakki
khutbah jumat jawa

الخطبة الأولى

اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ وَفَّقَ مَنْ شَاءَ مِنْ خَلْقِهِ بِفَضْلِهِ وَكَرَمِهِ ، وَخَذَلَ مَنْ شَاءَ مِنْ خَلْقِهِ بِمَشِيْئَتِهِ وَعَدْلِهِ . أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ ، وَلَا شَبِيْهَ وَلَا مِثْلَ وَلَا نِدَّ لَهُ ، وَلَا حَدَّ وَلَا جُثَّةَ وَلَا أَعْضَاءَ لَهُ . وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا وَعَظِيْمَنَا وَقَائِدَنَا وَقُرَّةَ أَعْيُنِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ، وَصَفِيُّهُ وَحَبِيْبُهُ . اَللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ بْنِ عَبْدِ اللهِ ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَّالَاهُ ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ ، وَلَا حَوْلَ وَلَا قُوَّةَ إِلَّا بِاللهِ

أَمَّابَعْدُ، فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ الْقَائِلِ فِيْ مُحْكَمِ كِتَابِهِ: « يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَكُونُوا مَعَ الصَّادِقِينَ» (التوبة: ١١٩ )

Hadirin jama’ah Jumat yang dimuliakan Allah swt

Satekane umur kang soyo tambah lan jatah pagesangan ing donya kang soyo sudo, kawulo ngajak awak kulo dhewe lan jamaah nambahi takwallah. Yaiku kanthi nindakake dhawuh lan ngadohi kang dilarang.
Hadirin ingkang minulyo.

Saben-saben kito mesti kepingin nggayuh kabegjan ing donya lan akherat. Senadyan kito minangka manungsa asring tumindak olo lan duroko ing bumi iki, kito kudu tetep ngarep-arep supaya entuk rahmat lan pangapurane Allah SWT.

Ing kawontenan punika wonten 3 pratandha, Allah ngersakaken kasaenan dhateng kawulanipun. Kados ingkang dipun dadar dening Syekh Nawawi Banten wonten ing kitob Nashaihul Ibad :

Kapisan, Allah SWT. Badhe negesaken pangertosanipun kawulo babagan agami Islam, sahinggo ing salebeting nindakaken syariat piyambakipun tetep lumampah wonten ing margi ingkang lurus adhedhasar tuntunan Islam. Kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuh:

مَنْ يُرِدِ اللهُ بِهِ خَيْرًا يُفَقِّهْهُ فِي الدِّينِ» صحيح البخاري – (ج 1 / ص 125)

“Sapa sing dikersakake becik dening Allah, mula Allah bakal negesake pemahamane babagan agama (Islam)”. (H.R. Bukhari lan Muslim)
Imam as-Shan’ani ing kitob Subulussalam njlentrehake bileh mangerteni Islam (Tafaqquh fi al-Din) yaiku kanthi ngerti aturan agama Islam, ngerti halal-haram, lan kosok wangsule, Muslim sing ora dikersakake sahe dening Allah yaiku Muslim sing ora nyoba duwe kaweruh babagan syariah Islam. Mboten kerso nderek pangaosan kalan poro alim ulama. Mula saka iku, Islame manungsa bisa diarani becik yenpiyambake ngerti apa kang didhawuhake lan dilarang dening Allah.

Baca Juga :  Menyongsong Bulan Ramadhan, Apa yang Harus Dipersiapkan?

Kapindho, kawulo kang ora kena godha sathithik-thithika kaleh bondo dunyo.

وَزُهْدُهُ فِي الدُّنْيَا

Kawulo inggkang nganggep yen donya iki mung panggonan kanggo urip lan dudu tujuan utama. Amargi mokal sanget, bileh wonten kawulo nresnani gustinipun menawi taksih tresna dhateng bondo dunyo. Kados dawuh ipun Imam asy-Syafi’i ingkang dipunandharaken dening Imam al-Ghazali wonten ing kitob Ihya ‘Ulumiddin:

مَنْ ادَّعَى اَنَّهُ جَمَعَ بَيْنَ حُبّ الدُنْيَا وَحُبُّ خَالِقِهَا فِيْ قَلْبِهِ ، فَقَدْ كَذَّبَ» إحياء علوم الدين – (ج 1 / ص 25)

“Sing sopo wonge, ngaku wis kebak ing atine tresna marang donya lan tresna marang kang nitahake jagad, mula dheweke mesti goroh.”
Kawula ingkang sae badhe emut dhateng janjinipun Allah badhe njamin gesang langgeng ing akhirat. Lan dheweke eling marang pituture Rasulullah:

حُبُّ الدُنْيَا رَأْسُ كُلِّ خَطِيْئَةٍ » شعب الإيمان – البيهقي – (ج 7 / ص 338)

“Katresnan marang donya iku punjere saben saben luput.” (H.R. Baihaqi)

Imam al-Ghazali nerangake ing kitab Ihya ‘Ulumiddin babagan maknonipun zuhud. Miturut panjenenganipun, wong sing ninggal rasa tresna marang donya bakal nduweni sipat loma (dermawan), sebab sing sapa wonge seneng marang dunyo, mula dheweke bakal nggegem tenanan, ewet sanget ngedalaken shodaqoh. lan mung wong kang nganggep donya iku barang sepele, sing gelem nyerahake bandhane (sedekah).

Kaping telu, lan nistha katon ing awake dhewe

وَ بَصَرُهُ بِعُيُوْبِ نَفْسِهِ

piyambakipun sibuk kaliyan niti-niti olone dewe (Muhasabah an-Nafs) mboten sempat niti-niti aibipun tiyang sanes. Bab punika kaleres kaliyan pangandikanipun para ulama :

طُوْبَى لِمَنْ شَغَلَهُ عَيْبُهُ عَنْ عُيُوْبِ النَاسِ » بلوغ المرام من أدلة الأحكام – (ج 1 / ص 586)

“Begjo banget, kanggone wong sing podo sibuk karo aib pribadine tinimbang karo aib manungsa liyane.”
Lan kanjeng Nabi natos ngandiko:

مِنْ حُسْنِ إِسْلَامِ الْمَرْءِ تَرْكُهُ مَا لَا يَعْنِيهِ» سنن الترمذى – (ج 8 / ص 294)

“Kalebet kabecikan lan kasampurnan agami Islamipun tiyang punika nglirwaaken sedaya (tembung utawi tumindak) ingkang boten manfaate.” (H.R. Tirmidzi lan)

Jama’ah Jumat Rahimakumullah.

Mugi-mugi kito kalebet golongan kawulanipun Allah ingkang tansah pinaringan Taufik, Hidayah, lan Ma’unah, saengga kito kalebet golongan hamba-hamba ingkang takwa lan dipun ridhoi sa’adah fi al-dunya wa al- akhirah.
Amien Allahumma Aamiin…

Baca Juga :  Khutbah Jumat : Merubah Nasib Di Malam Nisfu Sya'ban Bahasa Jawa

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

« قُلْ يَا عِبَادِيَ الَّذِينَ أَسْرَفُوا عَلَىٰ أَنفُسِهِمْ لَا تَقْنَطُوا مِن رَّحْمَةِ اللهِ ۚ إِنَّ اللهَ يَغْفِرُ الذُّنُوبَ جَمِيعًا ۚ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ » [ 262]
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ وَالآيَاتِ الْحَكِيْمِ إِنَّهُ هَوُ الْغَفُوْرُ

الخُطْبَةُ الثَّانِيَةُ

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أتَمَّ عَلَيْنَا نِعْمَتَهُ ، وَأَكْمَلَ لَنَا الدِّيْنَ , وَشَرَّعَ لَنَا مِنَ الْأَعْمَالِ الصَّالِحَاتِ أَنْوَاعًا وَأَصْنَافًا لِنَتَقَرَّبَ بِهَا إِلَى رَبِّ الْعَالَمِيْنَ .أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ أَكْرَمُ الْأَكْرَمِيْنَ .وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُصْطَفَى عَلَى جَمِيْعِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ .اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ .أَمَّا بَعْدُ

فَيآأيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ , اِتَّقُوا اللهَ-اِتَّقُوااللهَتَعَالَىوَأَطِيْعُوْهُ فَإِنَّ طَاعَتَهُ أَقْوَمُ وَأَقْوَى , وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادَ التَّقْوَى , وَاحْذَرُوا أَسْبَابَ سَخَطِ الْجَبَّارِ فَإِنَّ أَجْسَامَكُمْ عَلَى النَّارِ لَا تَقْوَى

وَاعْلَمُوا أَنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ , وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ

وَعَلَيْكُمْ بِالْجَمَاعَةِ، فَإِنَّ يَدَ اللهِ مَعَ الْجَمَاعَةِ ، وَمَنْ شَذَّ شَذَّ فِيْ النَّارِ

اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَقُرَّةِ أَعْيُنِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ ، وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ بِرَحْمَتِكَ يَآأرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ؛ اللهم أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ , وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ , وَاجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا , رَخَاءً , سَخَاءً , وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ؛ اللهم نَوِّرْ عَلَى أَهْلِ الْقُبُوْرِ قُبُوْرَهُمْ , اللهم اغْفِرْ لِلْأَحْيَاءِ وَيَسِّرْ لَهُمْ أُمُوْرَهُمْ

اللهم ادْفَعْعَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالرِّبَا وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ ، وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ ، عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً ، وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً ، بِرَحْمَتِكَ يَآ أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

عِبَادَ اللهِ … إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يعظكم لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ , وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ ,وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ , وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ

Download File Click Disini

Penulis: H. Robet