Khutbah Jumat : Kemuliaan Tamu Allah || Bahasa Jawa

Ky. Ahmad Muzakki
Kemuliaan Tamu Allah

الخطبة الأولى

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ رَتَّبَ عَلَى حَجِّ بَيْتِهِ الْحَرَامِ كُلَّ خَيْرٍ جَزِيْلٍ ، وَجَعَلَ قَصْدَهُ مِنْ أَجْلِ الْقُرَبَاتِ الْمُوْصِلَةِ إِلَى ظِلِّهِ الظَّلِيْلِ ، وَيَسَّرَ أَسْبَابَهُ وَهَوَّنَ الْوُصُوْلِ إِلَيْهِ غَايَةَ التَّسْهِيْلِ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إله إِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْجَلِيْلُ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَكْمَلُ الْخَلْقِ فِيْ كُلِّ خَلْقٍ جَمِيْلٍ ، اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْهَادِيْ إِلَى السَّعَادَةِ بِأَحْسَنِ السَّبِيْلِ ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِكُلِّ الْخَيْرِ وَالْجَمِيْلِ ، أَمَّا بَعْدُ

فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ ، اِتَقُوْا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن

Hadirin Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah

Sumangga kita sami ningkataken taqwa kita dhumateng Allah SWT kanthi nindakaken perintah-perintahipun saha nebihi larangan-laranganipun, keranten namung kanthi taqwa kita badhe pikantuk kabegjan wonten ing donya lan akhirat, Allah dawuh :

وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُولَهُ وَيَخْشَ اللهَ وَيَتَّقْهِ فَأُولَئِكَ هُمُ الْفَائِزُونَ [النور/52]

Lan sapa sing taat marang Allah lan Rasule, wedi lan takwa marang Panjenengane, wong-wong iku wong-wong kang begja [An-Nur: 52]

Hadirin Rahimakumullah

Kulawarga, sederek, rencang-rencang lan tanggi tepalih kita ingkang sakmenika nindakaken ibadah haji, dados tiyang ingkang minulya saha dipun mulyaaken dening Allah SWT. keranten piambakipun sakmenika dados tamunipun Allah SWT. Kanjeng Nabi sampun dawuh :

«الحُجَّاجُ والعُمَّارُ وَفْدُ اللهِ دَعَاهُمْ أَجَابُوهُ وَسَأَلُوهُ أعْطَاهُمْ». [رواه البزار ورجاله ثقات]

Wong-wongkang podo nindakake kaji lan umrah iku dadi tamuni Allah, Allah wis nimbali deweke, lan deweke gelem nekani, lan deweke njaluk marang Allah, lan Allah bakal maringi.

Pramila sumangga kita ndedonga mugi-mugi sederek-sederek kita menika estu-estu dados tamu-tamunipun Allah ingkang sae, saged nindakaken sedaya perintah-perintahipun Allah kanthi maksimal sahengga ibadah hajiipun dados haji ingkang mabrur, lajeng kondur kanthi ngasto maghfirah utawi pangapunten saha barokah. Amin Ya Rabbal Alamin.

Lan ndongaaken tiyang ingkang nindakaken ibadah haji menika minangka salah setunggaling perkawis ingkang dipun dianjuraken, kados ingkang dipun dawuhaken Imam Ibnu Rajab ing kitab Lathaiful Ma’arif :

حَدَّثَنَا مُوْسَى بْنِ أَعْيُنٍ عَنِ الْحَسَنِ قَالَ : إِذَا خَرَجَ الْحَاجُّ فَشَيِّعُوْهُمْ وَزَوِّدُوْهُمْ الدُّعَاءَ وَإِذَا قَفَلُوا فَالْقَوْهُمْ وَصَافِحُوْهُمْ قَبْلَ أَنْ يَخُالِطُوا الذُّنُوْبَ فَإِنَّ الْبَرَكَةَ فِيْ أَيْدِيْهِمْ اهـ [لطائف المعارف 1/68]

Dipun riwayataké saking Hasan, dhawuh: “Yèn wong-wong sing arep munggah haji wis arep budal, mongko sira padha dhèrèkaké, lan siro podho paring sangu kelawan dungo, lan nalika dhèwèké bali, mongko siro podho mapak lan salaman karo wong-wong mau sadurungé ngelakoni dosa maneh. , amarga berkah ana ing tangan-tangane dheweke”.

Hadirin Rahimakumullah

Kajawi anjuran ndungaaken dhumateng para sedherek ingkang nindakaken kaji, mangke menawi sampun kondur saksampunipun nindaaken ibadah kaji, kita ugi dipun anjuraken supados nyuwun dungo dateng piambake saderengipun mlebet dalemipun, wonten ing salah setunggalipun riwayat do’if nanging saget dipunpraktekaken dipun dawuhaken :

Baca Juga :  Khutbah Jumat : Rahasia Puasa Asror Shoum Bahasa Jawa

عَنْ اِبْنِ عُمَرَ عَنِ النَّبِيِّ  قَالَ : «إِذَا لَقِيْتَ الْحَاجَ فَسَلِّمْ عَلَيْهِ وَصَافِحْهُ وَمُرْهِ أَنْ يَسْتَغْفِرَ لَكَ قَبْلَ أَنْ يَدْخُلَ بَيْتَهُ فَإِنَّهُ مَغْفُوْرٌ لَهُ» اهـ [لطائف المعارف ص 68]

Yen sampeyan nemune wong sing nindakake kaji, mongko ngucapo salam lan salamano karo deweke, lan njaluko dungo pangapura kanggo sira, sadurunge dheweke mlebu ing omahe, amarga dheweke iku wong kang dingapura.

Malah wonten ing salah setunggalipun riwayat didawuhaken bilih sinembadanipun dunganipun tiyang ingkang nindakaken Haji menika ngantos pinten-pinten wulan, kados ingkang dipun dawuhaken sahabat Umar:

«يُغْفَرُ لِلْحَاجِّ وَلِمَنْ اِسْتَغْفَرَ لَهُ الْحَاجُّ بَقِيَّةَ ذِيْ الْحِجَّةِ وَمُحَرَّمٍ وَصَفَرَ وَعَشْرٍ مِنْ رَبِيْعِ الْأَوَّلِ» اهـ [لطائف المعارف ص 68]

Pangapura kanggo wongkang nindakake kaji lan wongkang disuwunaken pangapura iku sampek kekerene wulan Dzulhijjah, Muharram, Safar lan sadasa dinten saking wulan Rabi’ul Awal”.

Pramila kagem kito sedoyo ingkang dereng tinakdir dados tamunipun Allah ing tahun puniko, ampun ngantos kesupen ngempalaken dungo-dungo pangapura saking sedherek kita ingkang nembe kondur ngibadah haji, Imam Ibnu Abbas ugi dawuh :

«لَوْ يَعْلَمُ الْمُقِيْمُوْنَ مَا لِلْحُجَّاجِ عَلَيْهِمْ مِنَ الْحَقِّ لِأَتَوْهُمْ حِيْنَ يَقْدِمُوْنَ حَتَّى يُقَبِّلُوا رَوَاحِلَهُمْ ، لِأَنَّهُمْ وَفْدُ اللهِ مِنْ جَمِيْعِ النَّاسِ» اهـ [الدر المنثور 1/501

Saupama wongkang padha mukim ngerti fasilitas sing diparingake dening Allah marang wong-wong sing nindakake kaji, mesthi dheweke bakal teka ing kono lan ngambung kendaraane amarga dheweke kang kapilih dadi tamune Allah ana ing antarane meningsa liane.

Hadirin jama’ah Jum’ah Rahimakumullah

Mugi-mugi kito sedoyo, keluarga lan masyarakat kita tansah pikantuk hidayah saha pitulungan saking Allah supados dados kawulanipun ingkang mulya lan dipun mulyaaken Allah ing dunyo lan akhirat, Amin, Amin Ya Rabbal Alamin.

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

Baca Juga :  Khutbah Jumat : Tiba-Tiba Menjadi Wali Saat Di Keramaian || Bahasa Indonesia

«إِنَّ الصَّفَا وَالْمَرْوَةَ مِنْ شَعَائِرِ اللهِ فَمَنْ حَجَّ الْبَيْتَ أَوِ اعْتَمَرَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِ أَنْ يَطَّوَّفَ بِهِمَا وَمَنْ تَطَوَّعَ خَيْرًا فَإِنَّ اللهَ شَاكِرٌ عَلِيمٌ» [البقرة/158] [ 262]

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ وَالآيَاتِ الْحَكِيْمِ إِنَّهُ هَوُ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

الخُطْبَةُ الثَّانِيَةُ

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أتَمَّ عَلَيْنَا نِعْمَتَهُ ، وَأَكْمَلَ لَنَا الدِّيْنَ , وَشَرَّعَ لَنَا مِنَ الْأَعْمَالِ الصَّالِحَاتِ أَنْوَاعًا وَأَصْنَافًا لِنَتَقَرَّبَ بِهَا إِلَى رَبِّ الْعَالَمِيْنَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ أَكْرَمُ الْأَكْرَمِيْنَ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُصْطَفَى عَلَى جَمِيْعِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ ، اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ ، وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ ، أَمَّا بَعْدُ

فَيآأيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ ، اِتَّقُوا اللهَ ، اِتَّقُوااللهَ تَعَالَى وَأَطِيْعُوْهُ ، فَإِنَّ طَاعَتَهُ أَقْوَمُ وَأَقْوَى ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادَ التَّقْوَى ، وَاحْذَرُوا أَسْبَابَ سَخَطِ الْجَبَّارِ ، فَإِنَّ أَجْسَامَكُمْ عَلَى النَّارِ لَا تَقْوَى

وَاعْلَمُوا أَنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ , وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ. وَعَلَيْكُمْ بِالْجَمَاعَةِ، فَإِنَّ يَدَ اللهِ مَعَ الْجَمَاعَةِ ، وَمَنْ شَذَّ شَذَّ فِيْ النَّارِ

اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَقُرَّةِ أَعْيُنِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ ، وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ بِرَحْمَتِكَ يَآأرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ ؛ اللهم أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ ، وَاجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا ، رَخَاءً ، سَخَاءً ، وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ ؛ اللهم نَوِّرْ عَلَى أَهْلِ الْقُبُوْرِ قُبُوْرَهُمْ ، اللهم اغْفِرْ لِلْأَحْيَاءِ وَيَسِّرْ لَهُمْ أُمُوْرَهُمْ

اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالرِّبَا وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ ، وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ ، عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً ، وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً ، بِرَحْمَتِكَ يَآ أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

عِبَادَ اللهِ … إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يعظكم لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ , وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ ,وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ , وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ

Download File Click Disini